PURWAKANTHI
Purwakanthi utawa aliterasi
iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang
runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi
sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasan, saloka, utawa
tembang. Purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yakuwi: Purwakanthi guru
swara, Purwakanthi guru sastra lan Purwakanthi Lumaksita.
Purwakanthi
memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi
uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane
(lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut
aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita. Utawa isih akeh
istilah liya kanggo tetenger araning purwakanthi:
Purwakanthi iku sukukata utawa wanda kang swarane padha utawa
meh padha, kang dumunung ing gatra utawa lariking tembang utawa puisi liyane.
Ing basa Indonesia swara kang padha utawa meh padha disebut sajak, persamaan
bunyi utawa rima. Wanda kang swarane padha iku ing basa Indonesia disebut sajak
penuh, dene kang swarane meh padha diarani sajak paruh. Ing pantun, parikan,
singir, lan lagu dolanan sajak kang dumunung ing pungkasing larik nduweni
kalungguhan kang wigati, awit pungkasaning gatra iku mungkasi kesatuan wirama.
Ananging ana tembang, swara kang padha utawa meh padha ing pungkasing
larik-larik iku ora dienggo, awit saben lagu iku wis ana aturane mungguh
vokal-vokal kang dumunung ing akiring gatra.
Ing tembang macapat ana aturan bab pira cacahing gatra saben
sapadane, pira cacahing wanda ing gatraning tembang mau, Ian vokal apa bae sing
dumunung ana pungkasaning gatra. Ing tembang macapat ana aturan bab guru
wilangan Ian guru lagu utawa dhong-dhing. Swara ing pungkasing gatra ana aturane,
mula purwakanthi iku gegayutan karo swara ing sajroning gatra. Swara ing
sajroning gatra iku sing padha utawa utawa meh padha ora mung loro, tarkadhang
sok dumunung ing sadawaning larik, mula ing kasusastran Indonesia disebut deret
utawa runtun. Deret utawa runtun mau ana sing arupa konsonan, ana sing arupa
vokal, mula banjur diarani runtun vokal utawa purwakanthi swara, sing tembung
mancane asonansi; lan runtun konsonan utawa purwakanthi sastra, basa mancane
aliterasi.
Awit anane purwakanthi, tembang mau kapenak diwaca utawa ditembangake lan
gampang diapalake. Pilihaning tembung, iketaning ukara, dalah purwakanthi gawe
reriptan kang awujud lagu mau dadi endah ngelam-lami. Sing ora pati mudhengake
ya bab guru lagu utawa dhing-dhong, endahe ana ngendi yen aturan ngenani guru
lagu mau wis ditetepi. Mangka kanggo ngoyak guru lagu, ana tembung-tembung ing
akhiring larik kepeksa diowahi, upamane Mataram dadi Matarum, anjarwa dadi
anjarwi lan liya-liyane. Tarkadhang kanggo mburu guru lagu, urutan tembung diowahi,
upamane: nagari Wiratha dadi Wiratha nagari.
Beda-bedane tembang siji lan lan sijine iku dumunung ana ing guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu. Beda karo parikan, singir, utawa lagu dolanan. Ing
puisi mau ya ana aturan ngenani guru gatra; parikan adate isi patang larik
terkadhang rong Iarik, singir isi patang larik. Bab guru wilangan ora ana
aturan kang gumathok, dene purwakanthine awujud sajak akir. Bedane karo
tembang, saben tembang iku ana melodine dhewe-dhewe. Saliyane iku, tembang uga
duwe watak dhewe-dhewe. Dene pantun, singir, diwaca adedasar irama kalimate.
Saliyane purwakanthi swara lan purwakanthi sastra, ana sing diarani purwakanthi
lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku swara kang padha utawa meh padha ing
pungkasaning gatra diteruske ana awaling gatra candhake, conthone: amenangi
jaman edan/ ewuh aya ing pambudi/ utawa: tan samar pamoring sukma/ simukmaya
winahya kang asepi; conto liyane: kekaraning ngelmu karang/ kekarangan saking
bangsane gaib. Dene bab purwakanthi sastra lan purwakanthi swara bisa dipirsani
ing Serat Wedhatama pada sapisan pupuh Pangkur.
Purwakanthi guru wanda
Anak anung
anindita (wanda a)
Kadang katut
(wanda ka)
Bas basuki (wanda
ba)
Kadang kadean
(wanda ka)
Sugih singgih
(wanda gih)
Criwis cawis
(wanda wis)
Entek entung
(wanda en)
Bandha bandhu
(wanda ban)
Tandang tanduk
(wanda tan)
Rigen mugen tegen
(wanda gen)
Purwakanthi Guru Swara
- Aja
dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang
- Ana
awan, ana pangan
- Ana
dina, ana upa
- Ati
karep, bandha cupet
- Bareng
wis makmur, lali marang sedulur
- Becik
ketitik, ala ketara
- Gelem
obah, mesthi mamah
- Inggah
inggih, ora kepanggih
- Ijo-ijo
godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
- Ireng-ireng
kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné
- Ora
cepet, ora ngliwet
- Thenguk-thenguk,
nemu kethuk
- Tuwas
sayah, ora paédah
14. sumi lan
surati (swara i)
15. gajah
nguntal srangkah (swara ah)
16. ya judheg
ya buneg (swara eg)
17. ya bungah
ya susah (swara ah)
18. sura marta
jaya marta (swara a)
19. asu belang
kalung wang (swara ang)
20. tunggak
jarak mrajak (swara ak)
21. bung pring
petung (swara ung)
22. sasore
bendhe (swara e)
23. wong wedok
kecenthok-centhok (swara ok)
Purwakanthi Guru Sastra
- Aja
dhemen memada samèng dumadi
- Bobot,
bibit, bèbèt
- Janji
jujur, jajahané mesthi makmur
- Sing
sapa salah sèlèh
- Sing
wèwèh bakal wuwuh
- Sluman slumun
slamet
- Tata
titi tentrem
8. sruwa
sruwi sregep (sastra s, r)
9. kala
kula kelas kalih (sastra k, l)
10. Suma Sumi
lan Sumarni (sastra s, m)
11. dewa dewi
lan danawa (sastra d, w)
12. tuwa-tuwa
tuwas tiwas (sastra t, w)
13. waras wiris
wareg (sastra w, r)
14. sluman
slumun slamet (sastra s, l)
15. rasa risi
rumasuk ati (sastra r, s)
16. asah asih
asuh (sastra a, s, h)
Purwakanthi Lumaksita
- Asung
bekti, bektiné kawula marang Gusti
- Bayem
arda, ardané ngrasuk busana
- Lungguh
dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik
- Nandang
lara, laraning wong lara lapa
- Pandhu
suta, suta madyaning Pandhawa
- Raja
putra, putra dalemé Ngastina
- Saking
tresna, tresnané mung samudana
8. Urip
iki ora angel,
9. angele
sok ginawe dhewe,
10. dheweke tan
ngrasa bisa,
11. bisane mung
nyadhong dhawuh,
12. dhawuhe
Kang Murba Amasesa.
13. Ngelmu iku
luwih pangaji,
14. ajine
datanpa tandhing,
15. tandhingna
bandha lan arta,
16. arta iku
gampang sirna,
17. sirnane tan
petung wektu,
18. wektune
ilang saben mangsa,
19. mangsa iku
gunakna ngupadi ngelmu.