Pages

SL

Sabtu, 24 November 2018

DESKRIPSI TOKOH WAYANG BASA JAWA


LESMANA
Lesmana
Lesmana utawa Laksmana iki rayiné Prabu Rama kang setya ndhèrèkaké kangmasé rikala Prabu Rama kasébrataké menyang wana Dandaka. Alas kang wingit kepati paribasan Sato mara sato mati janma mara kapiluyu.
Papaning para jim, sétan lan dununging para raseksa. Ya ing wana Dandhaka iki Dèwi Sinta garwané Prabu Rama Cinidra déning Prabu Dasamuka awit krenahing abdiné Prabu Dasamuka kang aran Kala Marica kang malih maujud dadi kidang kencana saperlu nggora godha Dèwi Sinta. Sang Dewi kapilu marang kaéndahané kidang Kencana nganti lali purwa duksina manawa teteluné lagi ana madyaning alas kang gawat kaliwat. Kidang musna lan Sang Dèwi aminta ingkang raka Prabu Rama supaya arsa ambujung nganti kacandhak arsa kanggo klangenan. Sadurungé tindak Prabu Rama dhawuh ingkang rayi Radèn Lesmana anjaga kasugengané ingkamg mbakyu Rakyan Sinta. Sauwisa sawatara wektu sanalika ana swara sambat-sambat ngarih-arih njaluk pitulung kang amadhani swarané Prabu Rama.
Awit saka kuwatiré Dèwi Sinta paring dhawuh énggal-énggal budhal saperlu asung pitulung marang ingkang garwa mangka ing satemené swara iku mung apus krama saka swarané Kala Marica. Radèn Lesmana percaya marang kasektèné ingkang Raka mula nduwa kersané Dèwi Sinta nanging tinampa cubriya manawa ingkang rayi kagungan rasa milik ngrusak pager ayu marang dhèwèké. Rumangsa gerah panggalih awit dinakwa kang kaya mangkono mula tanpa saraba ngunus pusaka kanggo nugel planangané dhéwé lan sanalika planangan kang tugel mau musna lan ing kono ana wujud curiga kang aran pulanggeni. Banjuring carita para maos kaaturan mriksanana kitab wiracarita Ramayana.

WIBISANA
https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/8/8a/COLLECTIE_TROPENMUSEUM_Wajangpop_voorstellende_Wibisana_TMnr_3582-34.jpg
Gunawan Wibisana iya Raden Kunta Wibisana iku putrané Dèwi Sukesi lan Begawan Wisrawa kang wuragil. Déné urutané : Rahwana (Dasamuka), Kumbakarna, Dèwi Sarpakenaka, lan Wibisana.
Wujudé wayang, satriya bagus. Wataké utama, awit panjanmana (panjalmané) Wisnu Anjali utawa Wisnu Kawicaksanan, ya iku kerabaté Bathara Wisnu kang nyangkul jejibahan rumeksa katentremaning jagad, sarana manjalma ana ragané pandhita. Mula sing sapa kapanjalman Wisnu Anjali, wataké suci lair batin, adoh saka laku dur angkara.
Kasatriyané ana ing Singgelapura iya Kunthara.awan Wibisana. Ing gagrag asliné, jenengé Vibishana.
Garwané Wibisana, widodari kahyangan kang sesilih Dèwi Triwati. Peputra loro, ya iku:
1.      Dèwi Trijatha kang ing tembé dadi garwané Resi Jembawan ing pertapan Gandamadana lan banjur peputra Dèwi Jembawati, garwané Prabu Kresn.
2.      Radèn Denthawilukrama.
Wibisana satriya luhur ing budi. Panggalihé jujur lan adil. Marang para kadang, Wibisana kaduk tresna. Awit saking tresnané marang kadang, Wibisana tansah rumeksa marang Dasamuka, murih bisa widada jumeneng nata ing Alengka. Mula saben ana klèruné tumindak Dasamuka, Wibisana ora wigih-wigih ngèlingaké, luwih-luwih yèn kadangé wreda nganti ninggal kautaman lan keadilan.

INDRAJIT
Indrajit jroning wayang kulit purwa
Indrajit utawi dipunsebat Megananda utawi Begananda inggih punika putranipun Rahwana, raja Alengka.[1] Indrajit punika salah satunggalipun paraga wayang ingkang gadhah watek antagonis wonten ing wiracarita Ramayana. Panjenenganipun punika putra kapisan lan putra mahkota Karajan Alengka. Wonten ing paprangan ageng ing Alengka, Indrajit nemahi pejah mengsah Laksmana.[1] Miturut vérsi Ramayana, Indrajit punika putranipun Rahwana, raja raseksa ing Praja Alengka kaliyan Mandodari putrinipun Asura Maya. Kacariyos, nalika miyosipun Indrajit dipunsartani swanten bledhèg ingkang ageng. Punika dados pratandha bilih ing salajengipun Indrajit badhé dados kasatriya ageng.



Kunthi
Image result for WAYANG KUNTI
Kunthi utawa Dèwi Kunthinalibrata utawa Dèwi Kunthi ing carita Mahabharata iku putri Prabu Kuntiboja. Putri iki seduluré Basudéwa (bapaké Baladéwa), Kresna lan Subadra. Dewi Kunthi iku ibuné Yudhistira, Werkodara, lan Arjuna lan uga bojo pisanané Pandhu Dewanata. Saliyané seka Pandhu, Kunthi uga peputra Karna seka sesambungané klawan Bathara Surya.
Bapaké Kunthi iku Raja Surasena seka Wangsa Yadawa, lan wiwit bayi kaparingan jeneng Pritha|Pritha. Banjur, dipèk anak déning Raja Kuntiboja. Wiwit iku Pritha nganggo jeneng Kunthi|Kunthi..
Nalika Kunthi isih mudha, dhèwèké kaparingan mantra seka Resi Durwasa supaya bisa nekakaké dewa-dewi. Sawijining dina, Kunthi nyoba ngundhang Bathara Surya. Surya pancèn terus rawuh lan banjur ndangu apa sing dikarepaké Kunthi. Kunthi malah nyuwun supaya Surya kondur waé. Amarga Kunthi wis ngundang nanging ora ana kekarepané, Surya mènèhi anak. Kunthi rumangsa ora butuh anak amarga isih prawan. Anak didèlèhaké ing kranjang lan dikèntiraké ing kali Aswa. Anak iku banjur ditemokaké déning kusir kraton Astina sing jenengé Adirata. Anak iku diparingi jeneng Karna.
Kunthi banjur dhaup klawan Pandhu, raja ing Astina nanging ora nduwé anak. Saliyané karo Kunthi, Pandhu uga dhaup karo Madrim|Madrim. Nalika Pandhu kudu urip ing alas, Kunthi ngetokaké mantrané manèh. Kunthi ngundang telung dewa lan nyuwun putra. Putra pambajeng Yudhistira||Yudhistira seka dewa Yama, keloro Bima seka Dewa Bayu, lan katelu Arjuna seka dewa Indra. Madrim uga banjur diajari migunakaké mantra iku lan peputra kembar: Nakula lan Sadewa, seka dewa Aswin. Putra lima mau banjur kawentar kanthi sebutan Pandhawa|Pandawa.
Sasédané Pandhu lan Dewi Madrim, Kunthi ngemong Nakula lan Sadewa, anaké Pandhu seka Dewi Madrim. Sarampungé Bharatayuddha, dhèwèké lan sedulur ipéné, Dretarastra, Gandari, lan Widura lunga tapa nganti tilar ndonya.

KRESNA
Image result for WAYANG KRESNA
Kresna iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu,arwujud pria kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Kresna iku sawijining paraga Mahabharata. Nalika isih timur, asmané Narayana. Ing pedhalangan, Kresna kondhang amarga lantip lan pinter micara. Karo Arjuna, Kresna kapilih dadi titisaning Bathara Wisnu. Raja ing kraton Dwarawati iki sawijining turuning Yadhu. Miturut padhalangan Kresna iku anake Prabu Basudewa, nata ing Mandura kang angka loro patutan karo Dewi Mahindra iya Dewaki. Kadange sepuh asmane Raden Kakrasana iya Prabu Baladrewa, dene rayine asmane Dewi Bratajaya iya Wara Sumbadra.
Garwa-garwane ya iku Dewi Jembawati, putrine Resi jembawan ing pertapan Gandamadana, peputra Raden Samba Wisnubrata, Dewi Rukmini putrine Prabu Bismaka (Arya Prabu Rukma) ing Kumbina, peputra Dewi Titisari lan Raden Saranadewa (arang dikocapake) lan Dewi Setyaboma, atmajane Prabu Setyajid (Ugrasena) ing Lesanpura, peputra Raden Setyaka. Dewi Pratiwi (Pertiwi) putrine Sang Hyang Nagaraja ing kahyangan Sumur Jalatundha, peputra Raden Setija iyaPrabu Bhoma Narakasura, lan Siti Sundari.
Dasanamane miturut padhalangan : Prabu Sri Bathara Kresna, Prabu Harimurti (putrane pak SBY asmane Harimurti),Sasrasumpena,Danardana (Janardana), Sang Padmanaba, Narayana, Giwangkaton,lan Prabu Lengkawamanik.

Gaman:
  • Senjata Cakra : Panah awujud cakra (bunder kaya rodha) lan lancip ing pucuke.
  • Kembang Cangkok Wijaya Kusuma lan Wijayamulya: awujud cangkoking kembang kang bisa ngusadani wong lara utawa mati sadurunge wektune.
  • Kaca Paesan : Kaca kang bisa kanggo meruhi apa kang bakal kelakon.
  • Aji Pameling : kanggo nimbali saka kadohan, umpamane nimbali Resi mayangkara kang ana pertapan Kendhalisada supaya marak sowan.
  • Aji Kesawa kang dayane yèn duka bisa malih brahala sagunung anakan (triwikrama) apraceka Ditya Balasrewu.








PRABU PANDHU
Image result for WAYANG PRABU PANDU
Prabu Pandhu iku ratu ing Astina (Ngastina), putrane Begawan Abyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka nagara Kasi (Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandhu duwé kadang tuwa, asmane Dhestharastra, uga putrané Begawan Abiyasa karo Dewi Ambika (kadangé tuwa Dewi Ambiki), randhané Prabu Citragada. Dhestharastra duwé cacat netra (wuta), déné Pandhu duwé cacat tengeng guluné lan rainé pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka kadigdayané. Nalika lair naté dadi srayané déwa nyirnakaké mungsuh kahyangan: Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Merga lelabuhané iki, Pandhu antuk nugraha jamang kencana sing tinretes barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali (Hrudadedali) kang ing tembé dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengaké nganggo sesebutan Dewanata iya Dewayana.
Prabu Pandhu jejuluk Prabu Pandhudewanata, Pandhudewayana, iya Prabu Gandhawastra. Garwané Prabu Pandhu ana loro: 1 Dewi Kunthi Talibrata, putrine Prabu Kuntiboja saka Mandura, 2 Dewi Madrim, putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka. Saka garwa loro mau peputra cacah lima kakung kabèh kang sinebut Pandhawa. Pandhawa saka linggané tembung Pandhu lan "hawa", tegesé putané Pandhu. Satriya lima iku : Puntadewa (Yudhistira), Werkudara (Bima), lan Arjuna saka Dewi Kunthi, déné Nakula lan Sadéwa (kembar) putra saka Dewi Madrim. Aji-ajine Prabu Pandhu aran Lindhupanon, yèn diwateg sing ketaman sanalika mumet lan bingung, Blabag Pangantol -antol lan Wungkalbener (aji aji iki dilintirake marang Patih Gandamana sadhurungake dilintirake marang Bratasena). Kejaba dadi muride Prabu Pandhu, Raden Gandamana disengkakakee ngaluhur jumeneng dadi patih lan senopati ing nagara Astina. Nagara Astina diasta Prabu Pandhu dadi nagara kang gedhé lan loh jinawi. Ora ana parangmuka kang wani nekani.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar